CONTONE PIDHATO BASA JAWA

TV APA SING NGILANGNE SENI TRADHISIONAL?
Assalamualaikum Wr. Wb
Dhumateng Ibu Sri Istiningtyas, guru basa Jawa kita ingkang dhahat kinurmatan. Lan sedaya kanca kelas sanga G ingkang tansah kula tresnani.
Minangka purwakaning atur, sumangga kita sesarengan ngucapaken agunging syukur marang Gusti ingkang maha Agung ingkang sampun paring kita sedaya rahmat lan hidayah saengga wekdal punika, kita taksih pinaringan rahayu wilujeng nir ing sambikala. Kaping kalihipun, kula ngaturaken agunging panuwun amargi kula, Karina Cahyaningrum, dipun pasrahi kaliyan kelompok kula, inggih meniko kelompok gangsal, supados ngaturaken pidhato punika.
Jaman sakmenika, sampun benten kaliyan kinten-kinten 20 tahun kepengker. Kita sakmenika urip ing jaman globaliasasi. Ing jaman globalisasi punika, teknologi terus berkembang. Awarna barang-barang elektronik ugi wonten sedaya. Lan, ingkang badhe kula bahas wonten pidhato kula sakmenika inggih niku taksih berhubungan kaliyan dampak globalisasi. Inggih niku acara televisi punapa ingkang nilarake seni tradhisional.
Acara-acara TV sakmenika sampun modern lan kathah jinisipun. Bisa arupa acara berita, acara musik, acara talk show, acara sinetron/FTV, acara dagelan, acara kartun, lan sapanunggale. Acara-acara kasebut diremeni dening bocah-bocah ngantos tiyang dewasa.
Nanging, acara-acara televisi sakmenika nomer kalihaken pesen moral utawi amanat. Bocah-bocah, ingkan sejatinipun mbesuk dados penerusing bangsa, sakmenika luwih kathah, remen kaliyan acara-acara TV modern, contonipun kartun, sinetron, utawi dagelan. Lucune, kamangka isinipun nggih kados lok-lokan utawi cerita tresna-tersnaan ingkang dereng pantes dipuntingali kaliyan bocah-bocah. Nanging cerita punika saged dados daya tarik  kagem bocah-bocah. Lha inggih acara-acara punika ingkang ngilangne budaya tradhisional.
Sakmenika, saged dietang bocah ingkang ningali acara-acara televisi ingkang nampilake budaya tradhisional, contonipun wayang, ketoprak, ludruk, kaliyan jaranan. Ingkang memprihatinake, bocah-bocah sakmenika mboten kersa ningali acara-acara TV tradhisional amargi malehi utawi basanipun sakmenika “jadul utawi kuno”. Pamanggih kados punika menika salah. Cerita tradhisional niku sakjane tebih kaliyan istilah-istilah punika. Mbokbilih amargi bocah-bocah mboten paham basane, kamangka niku nggih basanipun piyambak. Malah acara modern kados ingkang sampun kula sebut sakderengipun niku bisa dados ancaman kagem budaya tradhisional. Lha bocah-bocah sakmenika wae lo sampun milih ningali acara-acara modern tinimbang acara ingkang nampilake budaya piyambak. Saya suwe, budhaya tradhisional, khusususipun budaya Jawi sisa yuswane sampun saged diitung.
Sakmenika, khususipun bocah-bocah, wiwit sakmenika, coba tontonen malih acara-acara tradhisional.  Acara tradhisional niku saged nuduhake pesen moral ingkah luwih apik tinimbang ningali acara modern. Ya menawi pisan-pisan ningali acara TV modern nggih mboten napa-napa. Jaga kalestarian budaya kita!
Minangka pungkasaning atur, kula nyuwun agunging pangaksami marang Ibu Guru kaliyan kanca kanca 9G mbokbilih wonten kirang langkunging atur saking pidhato kula.

Matur suwun

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

WORLD TOUR MALAYSIA : Menara Kembar Petronas

FOLKTALE FROM WEST JAVA : LUTUNG KASARUNG

HIV AIDS