DRAMA CINDE LARAS

Di kelas 9, materi pertama Bahasa Jawa adalah membuat drama. Nah, hari ini, saya akan posting drama buatan saya. Mohon maaf kalau kosakata nya kurang jelas. Karena itu, saya mohon bantuannya untuk menyempurnakan.
CINDE LARAS
TOKOH, bisa dengan 4 orang laki-laki dan 2 orang perempuan.
1.       Narator                                  
2.       Raja                                            
3.       Permaisuri                           
4.       Selir                                       
5.       Tabib                               
6.       Patih                                    
7.       Cinde Laras                      
8.       Botoh                                  
9.       Rakyat 1                                 
10.   Rakyat 2                                

Narator         :      “Ing jaman mbiyen, ing Kerajaan Jenggala ana Raja sing nduwe jeneng Raden Putra. Raden Putra kagungan permaisuri sing apik atine. Lan Raden Putra kagungan selir sing ala atine.”
Raja              :      “Permasuri, kowe dina iki kok ayu temen ta.”
Permaisuri    :      “Matur suwun Raja, Raja saget mawon. Kira-kira amarga bayi sing ana ing kandhunganku iki ya.”
Raja              :      “Lha, saiki kondhisi bayi iku kepriye Permaisuri?”
Permaisuri    :      “Alhamdulillah, Raja. Kadang-kadang kula ngraos mules, nanging kula apik-apik mawon, Raja”
Raja              :      “Alhamdulillah yo, Permaisuri.”
(selir ngomong dewe)
Selir              :      “Sakjane, aku sing dadi permaisuri. Wes ngerti aku sing luwih ayu, luwih pinter, pokok e luwih banget. Aku kudu nggolek cara supaya aku sing dadi permaisuri.”  (karo ati sing mangkel.)
Narator         :      “Ora suwe, Selir nyeluk Tabib istana ing ruwangane”
Selir              :      “Tabib, tabib, kowe neng ngendi?”
Tabib            :      “Dalem selir.”
Selir              :      “Kowe kudu ngrewangi aku”
Tabib            :      “Wonten nopo lo selir?”
Selir              :      “Aku nduwe rencana supaya aku sing dadi permaisuri Raja.”
Tabib            :      “Nopo nggih saged to selir?”
Selir              :      “’Yo mesti isa. Lek aku ora nduwe 1000 cara ojo nyeluk aku selir.”
Tabib            :      “Nopo selir sampun mikir mateng-mateng?”
Selir              :      “Halah-halah. Panggah ngomong ae. Iyo-iyo.”
Tabib            :      “O, inggih selir, kula mangertos. Lajeng, kula kedah nindakaken punopo?”
Selir              :      “Aku arep etok-etok loro abot, mengko aku nyeluk awakmu, mengko awakmu omong yen ana wong sing ngracuni aku ing ombe ku. Ngomongo yen sing ngracun kui permaisuri.”
Tabib            :      “Inggih, selir. Kula siap nindhakake perintah selir.” (karo nundhukne sirah)

Narator         :      “Ora let suwe, selir nindakake rencana jahate.”
(Permaisuri weruh selir sing katon sedhih)
Permaisuri    :      “Ana apa Selir, kok ora biasane awakmu sedhih?”
Selir              :      “Aku ngelak ora ketulungan, Permaisuri.”
Permaisuri    :      “O, yawis. Dak jupukne ombe yo.”
Selir              :      “Lha kok pas (njero ati). Inggih, permaisuri.”

5 menit...
Permaisuri    :      “Iki, ndang ombenen. Wis ya, aku arep ndelok kahanan saubenging istana.”
Selir              :      “Inggih, Permaisuri.”

10 menit,, ujug-ujug...
Selir              :      “Raja Raden Putra!”
Raja              :      “Ana apa, selir, kok nimbali aku?
Selir              :      “Kula menika kenging punapa, Raja? Awak krasa abot, rasane koyok ora isa ngadeg saka kasur.”
Raja              :      “Lho, kowe kena apa? Wajahmu kok ya pucet?”
Selir              :      “Lha inggih, Raja. Kula nggih mboten mangertos.”
Raja              :      “Sedhela-sedhela. Tak celuke tabib istana disik.” (raja metu saka kamar selir.)
Selir              :      “Inggih, Raja.”

Narator         :      “Ora suwe, Raja teka karo tabib istana. Lan tabib mriksa selir.”
Raja              :      “Selir kenging punapa Tabib?”
Tabib            :      “E... Selir kaya kena racun. Mau selir dhahar nopo ngunjuk napa?”
Selir              :      “Aku mau mung diwenehi ombe marang Permaisuri tok. Paling permaisuri ngracuni aku amarga ora pingin kalah ayu karo aku.”
Raja              :      “Wani-wanine permaisuri sing wis suwe urip karo aku nduwe sifat ala. Patih, enggal cekelen Permaisuri, lan cepet gawanen ning alas.”
Patih             :      “Inggih siap Raja.”

Narator         :      “Patih nemoni Permaisuri.”
Patih             :      “Nyuwun sewu, permaisuri. Raja ngutus kula supaya ngasta kanjeng putri dhateng alas.”
Permaisuri    :      “Loh, ana apa Raja kok ngongkon kowe supaya aku diguwak menyang alas?”
Patih             :      “Ngendikane raja, putri sampun ngracuni ujukannipun selir.”
Permaisuri    :      “Aku ora ngerti opo-opo patih.”
Patih             :      “Mboten nopo-nopo putri, mangke sinten ingkang salah nopo mboten bakal diweruhi. Sing penting, putri manut mawon nopo sing dikarepake Raja.”
Permaisuri    :      “Yawis lak ngono.”

Narator         :      “Sasampaine tekan tengah alas.”
Permaisuri    :      “Raja ngutus kowe marang aku opo?”
Patih             :      “Raja ngutus kula supados mateni kanjeng putri nanging kula mboten kersa. Kula mbatin menawi kanjeng putri niku mboten salah. Ngaten kemawon, kula badhe kesah malih dhateng kerajaan lan ngendika marang Raja memawwi putri sampun kula pateni. Sakmenika, kanjeng putri dhateng mriki piyambak mboten napa-napa to?”
Permaisuri    :      “Ora opo-opo Patih. Matur suwun.”
Patih             :      “Iya.”

Narator         :      “Ing istana.”
Raja              :      “Kepriye, opo wis kok tindakake sing dak perintah marang kowe?”
Patih             :      “Sampun Raja.
Raja              :      “Ya wis lak ngono.”

Narator         :      “Permaisuri sing lagi mbobot gedhi mau sawise pirang-pirang sasi neng alas kasil nglairne putra. Putra kasebut dijenengi Cinde Laras. Cinde Laras urip dadi bocah sing pinter lan gagah. Pas wektu dolanan, ora sengaja Cindhe Laras weruh elang sing nyeblokake endhog. Endhog sing diceblokne elang mau banjur ditemu Cinde Laras. Lan omong marang ibune.”
Cinde Laras  :      “Kanjeng ibu, kula kalawau nemu endhog.”
Permaisuri    :      “Wis, endhog kui simpenen nganti netes. Lumayan, engko bisa kanggo swara-swara yen wes netes.”
Cinde Laras  :      “Inggih kanjeng ibu.”

Narator         :      “Sawise 3 minggu lan 2 sasi, endhog kui netes dadi pitik jago sing uapik, lan nduweni kluruk sing apik. Nanging aneh.”
Pitik Jago      :      “Kukuruyuuk. Tuan Cindelaras, omah tengah alas, genteng godhong kelapa, bapa ne Raden Putra.”
Cinde Laras  :      “Kok aneh temen yo pitik jago iki. Kluruk ora kaya biasane. Kanjeng ibu...”
Permaisuri    :      “Ana apa le?”
Cinde Laras  :      “Pitik niki kluruk mboten kado pitik lintune. Lan pitik niki ngomong menawi kula niki putra Raden Putra. Napa pener nggih bu?”
Permaisuri    :      “Pener le, kowe iku putrane Raden Putra, Raja Kerajaan Jenggala.”
Cinde Laras  :      “Menawi ngoten, kula badhe sowan dhateng griyane bapa.”
Permaisuri    :      “Iya le, ora opo-opo. Ati-ati neng dalan yo le.”
Cinde Lras    :      “Inggih kanjeng ibu.”

Narator         :      “Cinde Laras lunga menyang daleme bapak dikancani karo pitik jagone. Wektu tekan tengah lakune, Cinde Laras diceluk wong. Sopo yo?”
Botoh           :      “Le, mreneo, koyok e pitikmu gedhi, adu karo pitikku ye?”
Cinde Laras  :      “Inggih pak. Kula siap.”
Botoh           :      “Sakdurunge, jenengmu sopo le?
Cinde Laras  :      “Cinde Laras pak.”
Botoh           :      “Yo wes, yoh diwiwiti adu pitik e.”
Rakyat 1       :      “Ayo tok-tok an, sopo jajal sing menang engko? Aku nyekel Cinde Laras.”
Rakyat 2       :      “Aku nyekel musuhe. Biasane pitik sing cilih luwih kesit.”

Narator         :      “Sedhela wae, pitik Cinde Laras menang tanpa kabotan.”
Rakyat 1       :      “Tenan, pitike Cinde Laras menang. Aku arep ngabari warga desa lek ngono.”
Rakyat 2       :      “Aku melu cak.”

Narator         :      “Amarga jarak e panggonan adau pitik karo istana Jenggala cedhek, berita menang e pitik Cinde Laras krungu ing kuping Raja. Raja ngutus hulubalang supaya nimbali Cinde Laras. Sawise kui, Cinde Laras teka ing Kerajaan Jenggala.”
Cinde Laras  :      “Dalem Paduka Raja. Kersa punapa Paduka nimbali kula?”
Raja              :      “Ngene, krungu-krungu pitikmu kui kuat. Aku kepingin weruh dewe. Pipe lek pitikmu kui diadu karo pitikku?”
Cinde Laras  :      “Inggih paduka. Menawi pitik kula ingkang menang, mangke, sepalih saking bandanipun Paduka dados gadhah kawula. Menawi kula kalah, kula siap dipun hukum nopo kemawon, paduka.”
Raja              :      “Yo. Tak terima tantanganmu.”

Narator         :      “Pitik raja lan pitik Cinde Laras diadu.”
Rakyat 2       :      “Mesti pitike raja mengko sing menang.”
Rakyat 1       :      “Halah, mau wae pitik sing mok dukung kalah, iki mengko lek kalah panggahan.”
Rakyat 2       :      “Ora bisa, pitik e Cinde Laras wes kesel keles. Mau wis tarung, saiki tarung maneh lak yo wes kesel.”
Rakyat 1       :      “Ora mesti. Didelok wae sopo sing menang mengko.”

Narator         :      “Pitike Cinde Laras menang kanthi sukses.”
Raja              :      “Ya wis, janjiku dak tepati. Tapi, aku melek weruh jenengmu le.”
Cinde Laras  :      “Cinde Laras paduka.”

Narator         :      “Ujug-ujug, pitike Cinde Laras kluruk. Ndilalah,...”
Pitik              :      “Kukuruyuk, Tuanku Cindelaras, omahe tengah alas, genteng kodong kelapa, putra Raden Putra.”
Raja              :      “Lhah, pitik kui kok kluruke beda, kok nyeluk jenengku? Opo kowe nyatuk putraku?”
Cinde Laras  :      “Ibu ngendika mekaten. Ibu ngendika menawi ibu kula niku permaisuri Raja.”
Patih             :      “Inggih Raja, kula badhe ngature pirsa menawi Selir sampun cidra kaliyan Raja. Selir namun etok-etok lara supados saged dados permaisuri Raja.”
Raja              :      “Opo bener kui? Selir kongkonen rene.”

Narator         :      “Selir moro menyang panggonan e Raja.”
Selir              :      “Wonten punapa paduka nimbali kula?”
Raja              :      “Jawab o sing jujur, ojo ngapusi, yen kowe ora gelem tak ukum. Opo bener kowe kae mung etok-etok lara supaya kowe dadi permaisuri?”
Selir              :      “Mboten paduka, kula mboten maksud ngoten.”
Patih             :      “Selir, ngendiko o ingkang jujur kemawon. Mangke tinimbang azab ingkang kuwaos ingkang negur panjenengan.”
Selir              :      “I.Iiinggih paduka. Kula kala semanten etok-etok keracunan unjukan saking permaisuri. Supados kula dados permaisuri ne paduka. Kula ngaku salah paduka. Kula nyuwun pangapura paduka. Kula nyuwun supaya paduka mboten ngukum kula.”
Raja              :      “Sik, kowe dak ngapura yen permaisuri ya ngapurani kowe. Cinde Laras, aku ngapura ya. Yen menawa ibumu kae dak ukum ning tengah alas. Aku bapakmu le.”
Cinde Laras  :      “Inggih paduka..”
Raja              :      “Ojo nimbali paduka. Timbalono aku bapak.”
Cinde Laras  :      “Inggih, pad,, bapak.”
Raja              :      “Patih, tulung timbalono Permaisuri supaya menyang istana.”
Patih             :      “Inggih Raja.”

Narator         :      “Patih nimbali Permaisuri lan Permaisuri wis teka istana.”
Permaisuri    :      “Dalem Raja.”
Raja              :      “Permaisuriku, sepurane salah ku Permaisuri. Aku diapusi marang selirku.”
Selir              :      “Nyuwun pangapura permaisuri. Aku iri marang sifat apikmu. Aku ngrasa nyesel, permaisuri pingin ngukum aku sembarang wae ora nyapo-nyapo.”
Permaisuri    :      “Wes selir. Aku ngapurani kowe. Tapi, opo kowe wes isa ngowahi sikapmu kui?
Selir              :      “Iya, saged permaisuri.”
Raja              :      “Ya, amarga kowe wis disepurani karo Permaisuri, aku pingin kowe dadi dayang-dayang wae.”
Selir              :      “Inggih mboten napa-napa Raja.”
Raja              :      “Lan, Cinde Laras, kowe karo ibumu manggo neng kene wae ya. Ngumpul dadi siji. Kowe gelem ta?”
Permaisuri    :      “Inggih, kula kersa Raja.”
Cinde Laras  :      “Inggih, sami kalian ibu kula. Kula kersa bapak.”

Narator         :      “Wiwit saiki, Raja Raden Putra, Permaisuri, lan Cinde Laras urip sak omah maneh. Suk, Cinde Laras bakal didadekne Raja marang Raja Raden Putra. Lan, selir Raja, didadekne dayang-dayang lan pembantu Kerajaan Jenggala.”


Komentar

Postingan populer dari blog ini

WORLD TOUR MALAYSIA : Menara Kembar Petronas

FOLKTALE FROM WEST JAVA : LUTUNG KASARUNG

HIV AIDS